Senin, 25 Agustus 2008

Nggandhul Mambu Wangi

Mas Win teka jupuk kamera


Isuk mau aku tangi gara-gara ngimpi ra jelas. Langsung wae aku adus. Mbuh ki pengin mangkat isuk. Biasane seka omah jam 10, ya wis langsung adus wae. Bar adus ki HP-ku muni. Jebul saka Mas Win.
“Halo!”
“Wis mangkat rung?”
“Rung.”
“Tak nang omahmu ya!”
“Ngapa?”
“Njikuk kamera. Lha ki meh dinggo.”
Hu… tak kira meh ngeterke. Tiwas pede! Ya wis ta, karo ngenteni Mas Win aku sarapan karo motret-motret halaman omahku. Mas Win rawuh kamerane takkekke. Ibuku maringi dhuwit sangu njur dhawuh, “Mbok nunut sisan tekan kana!”
Aku sanalika mlayu sipat kuping marani Mas Win.
“Woi, Mas, nunut!”
E… dhasar wong gendheng! Diceluk arep dijaluki nunutan malah wonge lunga sajak ra salah! Takoyak karo mbengok, “Mas! Mas! Mas!!”
Wah, wis tekan adoh kae nembe Mas Win mandheg.
“Napa?”
“Wong dinunuti kok malah ngluyur ae…!”
Mas Win ngakak, “Huahaha….! Takkira ngusir aku, ‘Hus! Hus! Ndang lunga!’, ternyata njaluk nunut to!? Tekan ndi?”
“Biasa, palang merah.”
Numpak brompite Mas Win sing footstep-e rusak siji lan ra ndang didandakke, aku diterke neng palang. Ora langsung nyabrang malah guyonan sik nang pinggir dalan. Pas aku mlinguk mburi, walah! Bis sing meh taktumpaki jebul wis mlaku. Takoyak karo nunjuk-nunjuk ra gelem mandheg. Ya wis ngenteni bis sijine.
Mas Win langsung oncat nang redaksi. Aku nunggu bis neng pintu masuk tol suwineee… ra karuan. Barang entuk bis, wah… kebak banget. Ning timbangane ngenteni ya langsung taktumpaki wae.
Wah, medeni tenan! Wis bise mlakune ngebut amarga ngoyak setoran, aku gelantungan nang lawang bis. Untung ana keneke sing njagani aku ben ra tiba. Tapi ra papa aku diseg bocah lanang ngguantheng lan wangineee…. Hmm, enak tenan! Ya ra siya-siya lah ngadeg ning entuk wangi, hehe…!
Tekan pom bensin Poncol aku mudhun terus tukang becak langgananku wis siap ngeterke aku tekan nggon PKL-an. Biasa takbayar patang ewu rupiah terus aku mlebu nang kantor. Tekan njero aku dikandhani Pak Ari yen suk pasa syuting nang Wonosobo. Walah, kok pas pasa…!?

6 komentar:

wiwien wintarto mengatakan...

kurang ajar! sapa yg masang potoku di sini...!?

lusysyarifa mengatakan...

kemaren setu pas acara di ruang joglo, Okta kan yg motert2?,..lha ad pic ku g?,..nek ada mbok di aplod, biar tak ambel, nek dah tak ambel delet ja lagi,...
nek g da ya gpp,..tengs,..!

wiwien wintarto mengatakan...

to lusy: ketoke ada. ntar takpilihe. diemail ke mana?

doniriadi.blogspot.com mengatakan...

hahaha....
jempol deh buat semangat dan ketangguhanmu ^_^
apa kabar putri ayah nie?
main2 dong ke blog ayah yah...

c u soon...

(btw, selamat, template blognya uanyyar....heh, kapan2 aku diajarin basa jawa ya, oce?)

dewi mengatakan...

belajar boso jowo!!!!!! isoku sing kasar2 ahahaa

anak cepu mengatakan...

sudah pernah ditauangkan ditelevisi apa belum?